Rasane
 suwe pisan nyong ora nulis blog. Akhire siki tek sempetna nggo nulis.. 
Sedulur.. Siki nyong arep cerita maring kowe pada mengenai beberapa hal 
mengenai lagu. Nek tek pikir-pikir yah lagu kuwe kan jere inspirasi 
sekang kejadian nyata.. Nah tapi ana beberapa lagu sing kayane koh 
mandan aneh tek rungu. (Jane asline ora nana pegawean temen yah mikiri 
lagu). Tapi yah ketimbang nganggur dolanan sabun (kaya kowe pada kuwe 
pegaweane) mending tek tanggapi bae sing jenenge lagu. Wis ora usah 
kakehan omong, kiye beberapa penjelasan lagu-lagu :
1. Melinda - Cinta Satu Malam
Walau cinta kita sementara
Aku merasa bahagia
Aku merasa bahagia
Kalau kau kecup mesra di keningku
Ku rasa bagai di surga
Ku rasa bagai di surga
[*]
Cinta satu malam
Oh indahnya
Cinta satu malam
Buatku melayang
Cinta satu malam
Oh indahnya
Cinta satu malam
Buatku melayang
[**]
Walau satu malam
Akan selalu ku kenang
Dalam hidupku
Walau satu malam
Akan selalu ku kenang
Dalam hidupku
[***]
Walau satu malam
Akan selalu ku kenang
Selama-lamanya
[***]
Sentuhanmu membuatku terlena
Aku telah terbuai mesra
Yang ku rasa hangat indahnya cinta
Hasratku kian membara
Walau satu malam
Akan selalu ku kenang
Selama-lamanya
[***]
Sentuhanmu membuatku terlena
Aku telah terbuai mesra
Yang ku rasa hangat indahnya cinta
Hasratku kian membara
Ngerti apa ora kowe pada lagu kiye hah..!!
Wis anggep bae rika pada ngerti. Dadi perlu tek critakna awal mula kejadian anane lagu kiye.
Pas
 semono nyong lagu mlaku-mlaku karo kancane neng Baturaden. Pas kuwe 
malem minggu. (ngerti ora malem minggu kuwe biasane pada ngapa??). Nah 
malem minggu kuwe kan masa2 wong pacaran yah.. Jalaran nyong kuwe nduwe 
jiwa sosial sing duwur, malem minggu ora tek nggo pacaran, tapi nyong 
rela milih dolan karo kanca-kancane. Jen apik pisan mbok.. (Padahal 
alasan J****O). Malah curhat.
Dadi pas nyong mlaku-mlaku neng 
Baturaden karo kancane.. Neng ndalan ketemu karo bocah wadon, bocahe ayu
 pisan. Bocah wadon kuwe katon kebingungen, kayane sih kesasar... Tek 
samperi bocah kuwe, tek takoni langsung ora nganggo isin (pancen ora 
nduwe isin). "Mba, rika kayane lagi kebingungen ana apa sih.." | "Anu 
nyong kayane kesasar mas.." | " Waduh kebeneran, eh, maksude kesasar 
keprime, umahe rika neng ndi?? | " Nyong ora nduwe umah mas.. | 
*semaput*
Singkat cerita nyong kenal karo 
bocah kuwe, jenenge Melinda (tanpa Dee). Jalaran nyong wong apikan, tek 
tawani dolan2 muter2 Baturaden. (Lho kancane nyong keprime??). Kancane 
nyong kan wis gede, tek prentah bae kon bali mbecak.. Ora urusan..
Nyong karo Melinda mandeg neng 
ngisor Buper Baturaden, ndeleng pemandangan meng ngisor. Sekang kono kan
 keton kae Kota Purwokerto (nek mendoan tah ya ora ngasi keton), mung 
keton lampu2ne. Indah pisan lah.. Nganti ora kerasa wis jam 1 mbengi.. 
Waduh.. keprime kiye yah.. (api-api mikir)
"Mel, keprime kiye arep tek 
juguna bali apa??" | "Duh, nek jam semene nyong di omeih bapak ibu mas..
 Mending ora usah bali bae lah.." | "Horeee, eh salah, emm.. Dadi turu 
neng ndi kowe Mel..??" | "Terserah mas Daplun bae lah.." | "Ya wis, 
nginep hotel bae ya, keprime.." | "Ya mas.."
Heh, kowe macane serius temen sih..!! Uteke mesti mikir ngeres.. Huuu tek sapu sisan kowe uteke.. #iklan
Wis tekan Hotel ******** 
langsung check in. Tek pilih kamar sing joss lah.. ana AC, kamar mandi 
dalam, tapi kasure neng luar #lho. Nyong karo Melinda ngobrol sedela.. 
Tapi jalaran wis kesel, nyong turonan neng kasur. si Melinda melu 
turonan neng kasur. Nyong cah loro ora bisa berkata apa-apa.. Cah loro 
saling tatapan mata.. Tangane Melinda tek cekel.. rambute Melinda tek 
belai.. tek ambung bathuke.. Wis mulai krungu desahan napas.. Hhhhhhh...
 terus.. .... 
<sebagian text hilang dicolong kucing>
Nah, kaya kuwe asal mulane cerita dibalik Lagu Melinda Cinta Satu Malam.
2. Ria Amelia - Bang SMS Siapa Ini Bang
Bang sms siapa ini bangBang pesannya pake sayang sayang
Bang nampaknya dari pacar abang
Bang hati ini mulai tak senang
Bang tolong jawab tanyaku abang
Bang nanti hape ini ku buang
Bang ayo dong jujur saja abang
Bang kalo masih sayang
Kalau bersilat lidah memang abang rajanya
Tlah nyata abang salah masih saja berkilah
Orang salah kirimlah
Orang iseng iseng² lah
Orang salah kirimlah
Orang iseng iseng² lah
Mulai dari sekarang hape aku yang pegang
Kiye lagu pancen sekang pacarku.
 (Anggep bae bener, ora usah kakehan takon apa payu kowe Plun?? *keplak 
ndase sisan kowe*). Kiye pancen pacarku sing mandan posesif. Pacaran koh
 hawane curiga bae, sedela dela ngecek hape, pacaran bae karo Satpam 
kowe lah..!!! Sedela dela kon lapor, pacaran bae karo pak RT nek 
kepengin dilapori...!!
Geh Ria, tek aweh ngerti kowe 
yah.. Nyong tek ngaku pancen olih SMS kaya kuwe. Pancen ya tek akoni ana
 tulisane "Sayang sayang" neng SMS kuwe. Tapi tulung deh, nek maca SMS 
kuwe aja separo-separo. Jajal di waca sing lengkap lah.. Nyong ora 
selingkuh, nyong setia karo kowe, kowe bae sing ora percaya karo 
nyong.. 
Asal kowe ngerti sing sebenere ya Ria.. SMS kuwe isisne pancen ana kata "Sayang". Tapi nek diwaca sing lengkap kuwe monine "Sayang pulsa Anda tidak mencukupi untuk melakukan sms/panggilan. Mohon isi ulang kartu Anda" Kuweee isine kaya kuwe Ria..!! Ngerti..!!!
3. Ayu Ting2 - Alamat Palsu
kemana kemana kemana ku harus mencari kemana
kekasih tercinta tak tahu rimbanya
lama tak datang ke rumah
dimana dimana dimana tinggalnya sekarang dimana
ke sana kemari membawa alamat
namun yang ku temui bukan dirinya
sayang yang ku terima alamat palsu
ku tanya sama teman-teman semua
tetapi mereka bilang tidak tahu
sayang mungkin diriku tlah tertipu
membuat aku frustrasi dibuatnya
dimana dimana dimana tinggalnya sekarang dimana
kekasih tercinta tak tahu rimbanya
lama tak datang ke rumah
dimana dimana dimana tinggalnya sekarang dimana
ke sana kemari membawa alamat
namun yang ku temui bukan dirinya
sayang yang ku terima alamat palsu
ku tanya sama teman-teman semua
tetapi mereka bilang tidak tahu
sayang mungkin diriku tlah tertipu
membuat aku frustrasi dibuatnya
dimana dimana dimana tinggalnya sekarang dimana
Nah kiye ya pacarku maning.. 
Jenenge Ayu Ting-Ting. Dijenengi ting-ting kuwe merga esih perawan. Nek 
ora perawan ya dadine Ayu Tong-Tong, apa Ayu Plok-Plok ndean.. 
Geh Ayu, nyong kuwe ora maring 
ngendi-ngendi. Umahku ya urung pindah. Kowe nggoleti neng ngendi jane. 
Umahku neng Purwokerto kowe nggolete neng Ciamis. Ya ora bakalan ketemu 
lah. Kowe kuwe tek omongi yah, nek arep maring ngumahku mbok ya 
sms/telp/BBM disit sih ngapa? Kaya wong ndesa temen kowe jaman wis maju 
kaya kiye enggane ora digunakna teknologi jann.. Ngisin isina temen kowe
 lah.. Nek telpon disit kan bisa janjian neng ndi. Kowe numpak sepur apa
 numpak jaran ya kena. Mengko ya bakal tek jemput kok..
Wis ora usah pamer karo wong se 
Indonesia lah nek alamate nyong palsu. Kowe bae sing nekat nggoleti 
alamate nyong ora takon2 disit karo nyong. Aja ngisin-ngisina lah.. 
Nyong isin kiye sing dadi pacarmu. Apa kata rama biyungku mengko nduwe 
pacar kaya kowe.. 
Wis mengko mbengi kowe tek telpon lah.. Masalah kita aja di umbar2 maring wong lah. Tulung deh..
Nah kuwe sedulur cerita di balik lagu-lagu sing beredar neng Indonesia.. 
Jane
 nyong ora urusan arep lirike kaya ngapa, tapi sebagai wong sing 
bertanggung jawab, nyong perlu klarifikasi. Aja nganti mengko timbul 
fitnah lan lia-liane. Nyong isin karo rama biyungku. Terutama isin nek 
ditakoni "Plun kapan kowe nikah.." Curhat maning..
Ya wis ya #ngapakers semene disit ceritane nyong. Kapan kapan tek gawe maning
Salam Ngapak
Title : Jawaban lintang gzl maring Lagu
Description : Rasane suwe pisan nyong ora nulis blog. Akhire siki tek sempetna nggo nulis.. Sedulur.. Siki nyong arep cerita maring kowe pada mengenai ...
Description : Rasane suwe pisan nyong ora nulis blog. Akhire siki tek sempetna nggo nulis.. Sedulur.. Siki nyong arep cerita maring kowe pada mengenai ...
 
 
0 Response to "Jawaban lintang gzl maring Lagu"
Posting Komentar