teori lintang

  • Tresna kuwe kaya kutang, adoh neng mata perek neng ati.
  • Tresna kuwe kaya kutang, kudu bisa njaga lorone aja nganti ucul. (mbok ana sing nutur)
  • Tresna kuwe kaya kutang, bisa njaga kudu seimbang, aja nganti njomplang, bisa bahaya (mengko gedhe cilik #eh)

Teori Cawet
  • Tresna di tolak kuwe rasane kaya kuplukan cawet. Isin pisan.
  • Tresna di terima kuwe rasane kaya ora nganggo cawet. Adem. Silir.. Hmmm... (lemud pada semaput)
  • Nduwe pacar selingkuh kuwe rasane kaya cawet tritipen, rasane pengin tek buang blumbang, siram latung, obong. (sing ora ngerti cawet tritipen kuwe cawet sing wis lawas, sing wis ana bintik-bintike, ngerti??)
  • Pacaran ora di restui kuwe kaya nganggo cawet bahane jeans keciliken, seret, pega, ora teyeng ambekan (adine *ups*)

Teori Entut
  • Pacaran kuwe kaya entut, anget rasane, bar kuwe di ambung *ups* (ambung-ambungan)
  • Tresna kuwe kaya entut, di tahan ora kepenak, bareng di uculnya lega pisan..
  • Pacar nyebeli kaya entut, di tahan gawe lara, di uculna pada reang.. *bagel watu sisan*
  • Selingkuh kuwe kaya entut, wanine neng mburi, nek kewenangan mambu ora gelem ngaku.

Teori Upil
  • Pengecut kuwe kaya upil, wanine umpetan neng ngisor meja.
  • Mantan kuwe kaya upil, semangat banget pas lagi nggolet, bareng wis olih gari di buang.

Teori teori liane
  • Tukang gosip kuwe kaya tukang becak, wanine ngomong neng mburi. (njajal ngomong neng ngarep, ya gentenan nyong sing dadi tukang becak jenenge.. #lho)
  • Pacar cerewet kuwe kaya kucing kawin, reang bae mbrisiki tanggane *bagel srandal*
  • Pacaran ora cipok kaya ngising ora cewok.

Ya kuwe mau beberapa Teorine Daplun, wonge gemblung ya pancen, ngganteng ya ora patiya.
Semene disit goli nyong nulis, kapan-kapan tek sambung maning.Suwun.

Title : teori lintang
Description : Ehh..malah niliki gambar.. Ora usah di deleng gambare lah. Kaya pada ngerti bae lho.. Wis gari maca bae kiye.. *keplak sisan* Siki nyong ...

0 Response to "teori lintang"

Posting Komentar